Tiga Tingkatan Niat Dalam Beramal


Sedoyo tiyang ingkang gesang wonten alam dhunyo niki ingin bahagia. Mboten wonten ko' seng kepingin soroh. Masih sogeh dhunyo nek gak bahagia, sugehne iku mboten wonten rasane. Opo maneh wes melarat ora bahagia, iku tambah nyonyor. Nek isok sogeh ora sogeh bahagia-o, tapi iku uwanggel ngelakonine.
Menyangkut rizqi yang berhubungan sogeh lan melarate wong iku relatif mas.
Kok ngono lho...???
Iyo mas, sebab jodoh, rizqi, pati iku manugso ora ngerti. Seng ngerti namung guzti allah kang murben dumadi.
1. Rizqi. Manugso namung ikhtiyar. Hasil akhire opo jare gusti allah. Sogeh melarate wong niku wes dicetak kale allah, tapi kito diwajibno ikhtiyar, usaha.
Wong iku nek pancen ceta'ane sogeh.
Nyambut gawe ora patek ngoyoh yo sogeh. Nyambut gawene santai, tapi modele iso' pas.....pas.....pas ngono.
Tapi nek pancen ceta'an melarat. Masih mergawe nggoyoh, gak karu karuan, gegere sampek bengkong{ kenek gawe ngoco.}
Nek mergawe budal isuk, moleh sore, udan kaudanan, panas kepanasan. Nyambut gawe sampek ngamalno P 36. pergi pagi, pulang petang, poyang payingan, pontang pantingan, pantat panas, pinggang pegal, perut perih, pala pusing, pringgas pringgis, pendhelak pendhelik, plorak plorok, pencholat pencholot, pletak pletik, penghasilan pas pasan, pengeluaran pol polan, potongan sak pirang pirang. Yo pancet melarat.
2. Jodoh yo ngono. Manungso iku namung ikhtiyar nemo'no, ora isok nenthokno, seng nentokno namung gusti allah. Le' ora pancene jodoh, mbok uber ora kruan, yo ora dadi bojoh, wong ora jodoh, masih di dukun-o, entek dukun 60 malah dirabi karo kancane dewe, lho pancen ora jodoh.
Tapi nek jodoh, masio getinge kiwir kiwir, yo dadi bojone.
3. Mati yo ngono, ora isok direncanakno,  nek wayae mati, gak usah diapak2no mati, wong wes wayae, tapi nek dorong wayae mati masio diapak apakno yogak mati.

Ngamal opo ae iku kudu diniati ibadah dumateng allah. tapi niat yo onok tingkatane dewe dewe.
1. Beban.
Ibadah di anggep beban, iwuh iwuhi, ngerepoti, lan ngabot ngaboti.
- Onok opo mboten wong diajak tahlilan, jama'ah, istighosah, yasinan, maleeeeeeesss ngoten.
- Kerunggu adzan shubuh, malah kemulan male,
Sedanten niku wau dianggep beban, Hidup kadhos ngeten niki, mboten akan indah, keploroh, opo opo rasane abot.
2. Kewajiban.
- Sholat 5 waktu, wajib npo mboten...?
Tapi onok nopo mboten , sholate seng ngebut, cepet cepetaan, itu namanya sholat yang hanya mengugurkan kewajiban.
- Podo karo ngeten: Arek sekolah enthok pr.
Nggarap pr wajib nopo mboten, tapi onok nopo mboten arek nang omah pr-e digarap nang sekolahan nyontoh koncone. Kewajibane gugur tapi gak onok kwalitase.
3. Kebutuhan.
Mangan kebutuhsan nopo mboten .?
Mangan kebutuhan, meski kita kejar yok nopo mawon carane, mergo kebutuhan.
Seng butuh allah nopo manugso......?
Seng maringi nopo mawon ten kito niki sinten..?
Nek butuh allah kenek opo kito gak sungguh sungguh menjalankan to'at kepadanya, kurang temen nek ngelakoni ibadah ing allah.
Kito diceluk حَيَّ عَلَى الصَّلاَةِ حَيَّ عَلَى الصَّلاَة  tapi lapo gak moro.
Diceluk " He hambaku, q pingin eroh seger kewarasanmu, dhiluk ae lho, moroho rene nang omahku, aku {allah} pingin kepetok awakmu.
Engkok tak tambahi butuh opo?
Aku kepingin petok koe, tapi gak gelem moro.
Padahal sesungguhnya kita sedang dihormati Allah, dimulyakan Allah, kajange diparingi berkah.
Sholat nek wes dadi kebutuhan repot-e yok opo pasti ditekani undangane gusti allah, mergo ngeroso dadi kebutuhan, ancen ngeh repot sholat niku, bondo waktu, tenaga, fikiran, wudhu, klambi, bondo ngadek, merkungkung, jengking, endhut endhut, obek obek lan umik umik.




Google +