Pengaruh Kecerdasan Intelektual
Rata-rata orang tua ne' ndunga'no anak "le.....mugo -mugo nak omah-omahan mene gampang tolek sandang pangan, iku jenengei ndungakno anak dalam urusan perbadokkan.
Padahan tuntunane Al-qur'an, ما تعبدون من بعدى "Sesok mben lek awakku wes mati seng koen sembah iku sopo, ibadahmu piye, ngunu maksud'e".
Anak iku nggak perlu ditinggali dunyo seng akeh. Anak kesusu dikongkon kerjo, nyambut gawe, sogehne dorong mesti goblok'e seng iyo. Jika tanpa dibekali ilmu akhlak lan dungo.
Wong lek uripe gawe mburu dunyo thog uripe bakal di peloro karo dunyo thog. Dunya asline mek meloro kito, wong kok nganti susah, gelisah, sunpek, geger, iku yakin mergo urusan dunyo.
Padahal dunyo iku di dawuhi karo gusti Allah:
يا الدنيا اخدمى من خدمنى واستخدمى من خدمك He dunyo: Wong seng uripe gawe ngeladeni aku cukupono, ojok nganti kekurangan, tapi wong-wong seng uripe mek di gawe nguber-nguber awakmu peloroen, gawien budakmu.
Anak bah sogeh bah melarat seng penting sholeh, soale sogeh lan melarat iku wes jatah. Nek anak sholeh, di takdir feqir isok sabar, ibadahne tetep, iso, neri pandumane Allah. Lek anak'e di takdir sogeh, nek sholeh bener nasarrofaken dunyane.
Anak ojok di dungakno pinter thog, dungakno sholeh lan pinter, nek pinter thog gak bener, malah keblinger.
Wong iku nek medit gak kiro duwe anak apik. Pesene yaine aba anwar zahid: "Sesok ne' moleh lan ne' dadi yai, ojok lali, seng loman, loman nang anak-anak yatim, ramuten anak-anak'e wong gak nduwe, bandanono, ragathono, ojok katek mamang, gustio Allah sogeh.جاهل سخي احب الى الله من عالم بخيل
Wong iku senajan alim, ne' medit, gagal dadi kyai.
Onok wong goblok lumo luweh di senengi Allah tinimbang wong alim medit.
Semakin akeh tanggugane, semakin akeh peparinge Allah.
الصلاة معرج المؤمن
Sholat itu miniatur menejemen kepribadian.
Nek sholate bener تنهى عن الفحشاء و المنكر iku ilang kabeh.
Wong sholat di kengken khusuk dalam 3 hal:
* Khusyuk hati.
* Khusyuk otak.
* Khusyuk otot
* خشوع قلب
واستعينوا بالصبر والصلاة وإنها لكبيرة إلا على الخاشعين
الذين يظنون أنهم ملاقو ربهم وأنهم إليه راجعون
- Wong sholat iku kudu sabar, telaten, istiqomah, madep manteb bakal sowan marang gusti allah.
- Nek sholate ngadek dikongkon nyawang nang tempat sujud.
- Tempat sujude iku nang nisor, manugso cekne sadar, manungso iku teko lemah, bibite yo teko lemah, mloka mlaku, riwa riwa, ngalor ngedul, ngetan ngulon, morat marit, mosak masek, mobat mabet, yo ono ndhukure lemah.
- Seng disandang,seng dipangan, seng diombe, iku hasile songko lemah.
- Sendakep supoyo eleng, mbesok bakal disendakepno.
- Nek wes wayae ditanggekno mbesok yoditanggekno teko lemah.
* خشوع فكيرن- Sendakep supoyo eleng, mbesok bakal disendakepno.
- Nek wes wayae ditanggekno mbesok yoditanggekno teko lemah.